Sopo seh seng gak kenal kata Jancuk utowo Jancok,, wong Jawa Timuran yo pastine ngerti. Nah.,, saiki, gue kapene ngepost tentang panganan rekk, yoiku "Sego Goreng Jancuk". Penasaran kan? mangkane wocoen disek sampek entek.
Iseng iseng mlaku mlaku nk google, eh malah nemu panganan seng jenenge "Sego Goreng Jancuk". Menuru buku tatang sutarma, eh salah.... menurut Mbah Google, sego goreng jancuk iku panganan andalan seng nang Surabaya Plaza Hotel. Jarene Chef.e,, sego goreng jancuk iku ditambahi sambel terasi karo lombok 20, mantep kan? opo maneh pas posoan koyok ngene. Sadurunge diwenehi jeneng, chef.e seng jenenge Eko, mangan sego gorenge dewe,, pas dicoba' sego goreng ternyata pedes, saiking pedese Chef Eko sampek ngomong "Jancuk". Nah, iki rekk gambare sego goreng jancuk..
Lek sampean pengen weruh nggone Sego Goreng JK, nggone onok nk 24 Hours Kartini Restaurant. Restaurant iki jek sak lingkungan karo Surabaya Plaza Hotel, dadi ojok kwatir :D. Regane yo gak larang larang. Rego Paket Mbeledos, yoiku sak porsi Sego Goreng Jancuk karo sak pitcher es teh iku Rp 99.500,-. Murah kan, yo lek kowe soge yo murah,.... sak porsi sego goreng JK iku isok gawe uwong 4-5. Dadi lek kowe kapene tuku sego goreng iki, jak'en konco kocomu....